teks

Sugeng Rawuh Wonten Blog Kawula Mugi Wonten Ginanipun

Minggu, 10 April 2011

Wejangan Ki Padmosusastro ( 2)

oleh Djajus Pete pada 06 April 2011 jam 23:36
21)
Aja njagakake kabegjan lan kapinteranmu, akeh sing mleset. Becik njagakake pitulungane Allah, awit kepinteranmu mungguhing Allah : sepele.

22)
Aja sok dhemen ngongasake kepinteran, awit titahing Allah angebegi jagad padha kedunungan kapinteran dhewe-dhewe.

23)
Kaluwihan iku sing bisa ngarani wong liya, yen awake dhewe ora bisa, dening kawruhe Allah isih sapirang-pirang kang durung disumurupi, mulane para sujana ora ana sing gelem ngongasake kapinteran.

24)
Ganjaraning manungsa mungguhi Allah mung ana loro, begja lan cilaka,nanging dawane mung sekilan.Wong beja dikaya ngapa iya isih keslendhangan susah, mengkono uga wong cilaka iya isih keslendhangan bungah, iya iku sing diarani : nyakra manggilingan.

25)
Gumun marang wong kabegjan iku prasasat maido marang kuwasaning Allah. Kabungahan lan kasusahan dadi tetimbangane. Yagene manungsa mung dhemen bungah nuruti hardhaning ati, bareng ketekan susah : bingung, maune sapa sing gawe? Mengkono pamelehe marang wong kang susah saka panggawene dhewe.

26)
Kabilahen lan kasusahan kang sinandhang ing manungsa, karsaning Allah mung murih becike.

27)
Kabutuhaning manungsa mungguhing Allah mung yen kelaran, asesambat ngaruara : nyuwun saras, nanging yen ora kelaran, ora pati butuh, malah lali babarpisan. Umpama ora mengkono kepriye?

28)
Ora ana kabegjan lan kacilakan langgeng, mesthi ana watese. Karsaning Allah : sarupaning makhluk isining ndonya lakune nyakra manggilingan. Mulane wong kabegjan aja pepeka, wong kacilakan aja kemba ambudi sarana, karo pisan dadiya widada.

29)
Taberi iku tuking kabegjan, watege arang lara, rejekine tutut, akeh kang bisa kecukupan, pirabara sugih saka pitulungane Allah.

30)
Wong ora becik karo tanggane iku luput, amarga yen ala dadi mungsuh munggeng cangklakan. Beda karo yen becik ngungkuli sedulur sing adoh omahe.

31)
Wijining kasugihan saka gemi : taberi ing gawe, pawitane temen, ora tau goroh. Pangandeling wong wuwuh-wuwuh, awoh rejeki kang ora cinakrabawa nganti awake dhewe ora sumurup yen wis dadi sugih, malah wong akeh sing wis ngarani sugih.

32)
Wisa kang mbebayani iku kelakuan kang ala, bisa ngrusakake jenenge nganti tumeka ing pati. Senajan celathune bener, iya ora dipercaya, aja maneh celathu luput : oraa disujanani.

33)
Kasugihan kang saka laku culika, misuwuring kajen keringane rusak dening ganda ala, ilang mamanising becik.

34)
Wong sabar diumpamakake bisa ngunjara setan,nanging wong kereng ngeculake setan saka kunjara.

35)
Satru kang gedhe dhewe kuwasane : sirnakna, yaiku ilatmu.

36)
Unining jam tanpa leren nganti saenteking puterane, wong juweh muni tanpa leren nganti saturune. Jam ana gawene bisa nuduhake wayah, balik wong juweh muni anderwili mung dadi angin bae.

37)
Manungsa kang dhemen ngunggul-unggulake awake dhewe iku kaya umpamane gunung kerep murub, lawas-lawas mesthi longsor, tundhone sirna babar pisan.

38)
Tugeling glondhong saka untuning graji kang ora mandra, kelakone tugel mung saka tlaten. Suprandene manungsa ora dhemen marang watak tlaten. Sing didhemeni pratingkah daya-daya nuliya rampung, selak pedhot napase , pegaweyane nisa.

39)
Becik iku ora tedhas ing ala, suprandene arang sing dhemen anglakoni panggawe becik.

40)
Bener iku dadi parebutane wong akeh,nanging panggayuhe akeh kang disangkani saka panggawe luput, rumangsane gelis kecandhak. Saumpama panggayuhe mau disangkani saka panggawe becik, kira-kira mesthi dadi becik temenan, murni ing salawas-lawase, senajan lawas kecandhake.[]


Cathetan tembung :
mungguhing = tumpraping
dhemen = seneng
ngongasake = mamerake ; nyombongake
para sujana = para pinter
keslendhangan = kesampiran ; kedunungan
nyakra manggilingan = mubeng ; gilir gumanti
hardhaning ati = kareping ati
kabilahen = kena bilahi; kacilakan
aja kemba ambudi sarana = aja bosen golek srana ; ikhtiyar
aja pepeka = aja kurang pangati-ati
dadiya widada = dadiya slamet ; bisaa slamet
taberi = sregep
tuking = sumbering
tutut = lumintu ; tansah ana, ora ana pedhote
munggeng cangklakan = cedhak banget
gemi = ngirit lan ngati-ati
cinakrabawa = dicipta ; diangen-angen
laku culika = colong jupuk
misuwuring = kondhange
kajen keringane = diajeni, diurmati
ilang mamanising becik =ilang ganda arume becik
anderwili = ngecepres ora ana enteke.
suprandene = andekpuna ; senajan mengkono
ora mandra = ora sepiroa.*

2 komentar:

  1. bosone isih akeh sing kromo yo kang.. untunge ono kamus se... salam kenal kang.. seko riau asli yojo..

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iki mono saka sastrawan jawa, mula njur angel basane

      Hapus