Add caption |
Ing bebrayan (masyakarat) Jawa kerep keprungu
tetembungan unggah-ungguh. Tegese unggah-
ungguh yaiku sopan santun, tata krama.wong Jawa
saiki akeh sing ngarani yen wong enomwis ora nduweni
unggah-ungguh maneh. Mesthi bae.
tetembungan unggah-ungguh. Tegese unggah-
ungguh yaiku sopan santun, tata krama.wong Jawa
saiki akeh sing ngarani yen wong enomwis ora nduweni
unggah-ungguh maneh. Mesthi bae.
Wong saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber
kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet
anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen
sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton
kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi
ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan
anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal
nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan
sikap, apa tindak tanduk. Sing gampang bae
anane owah-owahan punjere paprentahan,
kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet
anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen
sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton
kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi
ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan
anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal
nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan
sikap, apa tindak tanduk. Sing gampang bae
anane owah-owahan punjere paprentahan,
sing biyen ana ing Surakarta Hadiningrat lan Ngayojakarta Hadiningrat saiki wis ngalih ana ing Jakarta.
Kahanan iki nyebabake owah-owahan uga, utamane Basa Jawa. Basa Jawa sing biyene dadi basa resmi
paprentahan saiki ora. Malah-malah saiki akeh wong Jawa sing wis ora gelem nganggo basa Jawa maneh,
sanajanta wong mau asale saka Surakarta lan Ngayojakarta. Kahanan iki nyebabake basa Jawa ngalami
owah gingsir, bisa-bisa ngalami ilang musna kaya basa Jawa Kuna sing jaman saiki wis wong Jawa
sing ora ngerti.
sing ora ngerti.
Akeh wong Jawa sing wis ora ngerti basa Jawa maneh. Ngertia ya mung capet-capet,
apa maneh nganggo basa sing ndakik-ndakik.
Basa Jawa saiki wis owah, ora kaya basa Jawa jaman panjenengane Bapak Antunsuhono,
S. Padmosukoco, R Ng Poerbacaroko lan sapanunggalane. Nalika jaman iku basa Jawa diperang dadi :
1. Basa Ngoko. Basa Ngoko isih diperang dadi basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Andhap.
2. Basa Madya. Basa Madya isih diperang dadi basa Madya Ngoko, Madya Krama, lan Madyantara.
3. Basa Krama. Basa Krama isih diperang dadi basa Mudhakrama, Madya Krama, lan Wredhakrama.
4. Basa Krama inggil.
5. Basa Bagongan utawa basa sing kanggo ing sajerone kraton.
6. Krama desa sing tembung-tembunge akeh sing tinemu ing karang pradesan.
Jaman saiki akeh wong desa sing dadi priyayi gedhe ing Jakarta, dene sing biyen trahing kusuma
rembesing madu
rembesing madu
ing kraton Surakarta lan Ngayojakarta dadi priyayi lumrah. Kadhangkala wong-wong ing sacedhake
(tangga teparone) priyayi mau ora mangerteni yen priyayi mau tedhaking kusuma rembesing madu,
kaya paribasan
kaya paribasan
kang kamot ing tembang Dhandhanggula , diemot (dimuat) ing buku "Ngengrengan Kasusastran Jawi"
karangan S. Padmosukoco, paribasan tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati, temahnampa papan
kang nistha.
kang nistha.
Mula apa kira-kira saiki ora perlu diatur ing paramasastra anyar? Upamane jinise basa mau
diperang dadi :
diperang dadi :
1. Basa Ngoko kedadean saka Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (Ngoko Alus) ,sing aturane padha jaman biyen.
2. Basa Krama kedadean saka Krama Lugu lan Krama Andhap (Krama Alus). Basa Krama Lugu aturane
kaya Basa Kramantara, lan Basa Krama Andhap (krama Alus ) kaya Mudha Krama. Kena apa kok
basa Mudhakrama? Jalaran basa Mudha Krama iku kramane wong enom marang wong tuwa. Wong Jawa
nduweni watak ngajeni wong kang dijak guneman lan ngasorake awake dhewe, kaya ing basa Ngoko Alus
utawa Ngoko Andhap .
Kepriye dulur tanggapan panjenengan?
Tata Kramane Bocah Marang Guru
Ana ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang
kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama .
Upamane nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune ,
dilelatih matur : “Sugeng enjing, wilujeng enjing,
sugeng sonten” lan sapanunggalane, apese iya
manthuk tandha aweh hurmat.Nalika kasep mlebu kelas,
kamangka wulangan
manthuk tandha aweh hurmat.Nalika kasep mlebu kelas,
kamangka wulangan
wis lumaku kudu matur:”Nyuwun pangapunten,
kula kasep jalaran jawah “.upamane. Ora kena
mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune.
mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune.
Nalikane nuju arep metu saka kelas marga arep
menyang pakiwan, uapamane , ora kena ndadak
metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik:
“Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.”
menyang pakiwan, uapamane , ora kena ndadak
metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik:
“Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.”
Yen sesuke arep ora mlebu, iya pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit
luwih dhisik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu.
luwih dhisik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu.
Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata krama. Kudune
mung arep mbantah bae, awit kira-kira bae padha nduweni panemu yen tata krama iku kudu dibuwang marga
tinggalane kaum feodal.
Ana uga kang ngira, yen tindak tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong kang jirih. Kosok baline,
tindak tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel.
Bocah-bocah kang susila, ora ateges bocah kang jirih lan ora nduweni greget maju, nanging bocah kang bisa
aweh pakurmatan marang sapa bae kang pantes dihurmati. Wedi sabarang tindak kang klebu larangan lan
kang mitunani wong liya. Wani ngakoni kaluputane dhewe, nanging iya wani ngandhemi bebener lan tekade
kang wis dadi keyakinane.
Murid kang sopan lan ngerti marang tata krama iku :
1. Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkiri. Balik malah sareh mapagake sarta
asung kurmat kanthi manthuk.
2. Yen ketemu gurune ana ing toko utawa panggonan liya, ora ndadak ndhelik amping-ampingan wong liya,
nanging panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani , malah banjur asung kurmat.
3. Yen ana sajrone kelas, arep nyuwun pirsa wulangan, ora ndadak enggone ngaturi sarana suwat-suwit
utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae. Nanging sarana ngacungake tangane sarta matur :
” kepareng nyuwun pirsa”.
Bocah-bocah iku ing tembe kang dadi kekembanganing bangsa. Iya nom-noman kang saiki iki kang bakal
gumanti para sepuh enggone mbanjurake dadi panuntune bangsa. Mula saka iku , bocah-bocah kudu
nduweni rasa-pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, kudu nggegulang tata-krama kang laras karo jamane.
gumanti para sepuh enggone mbanjurake dadi panuntune bangsa. Mula saka iku , bocah-bocah kudu
nduweni rasa-pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, kudu nggegulang tata-krama kang laras karo jamane.
Aja gampang kelud marang adat pakulinan manca (luar negeri) kang ora mesthi mathuk marang tata cara
kabangsan kita.
Bocah-bocah kita becike padha nduweni semboyan :” Putraning bangsa kudu ngerti tata krama”.
Aja dumeh wis dadi wong gedhe mardika banjur ora gelem nindakake suba sita lan unggah – ungguh marang
wong tuwa lan gurune.
Aja dumeh pemudha wis nate labuh bangsa, banjur ora perlu ngurmati sapadha-padha.
Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni, nanging lumuh ngajeni.
Aja dumeh duwe pangkat dhuwur , banjur lali marang kamardikaning liyan lan ora ngurmati wewenanging liyan.
Lire : Para murid, kajaba sregep ngundhakake kawruh,. supaya pinter ing bab wulangan, wasis ing bab kagunan ,
uga wajib ngerti marang tata-krama. Srawunge bocah-bocah kudu cedhak karo gurune nanging aja ninggalake
tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang gurune mung nganggo basa ngoko bae, kaya caturan
karo kancane dhewe.
Tata Kramane Bocah Marang Wong Sing Luwih Tuwo
Bangsa kang wis padha dhuwur kabudayane, ora mung
wong-wonge kang wus diwasa bae kang padhangenggoni tata krama, dalah bocah-bocahe iya
padha ngerti marang subasita.Bocah-bocah ing omah
lan ing pamulangan kudu diperdi marang tata krama ,
supaya ing tembene ora kidhung (kaku) lan bisa ngerti
marang sopan santun.Bapa biyung iya kudu merdi
supaya wewatakan lan budine bocah dadi luhur,
marga alusing tata kramane. Saranane ora liya ,
wong tuwa kudu menehi tuladha sarana pakarti ,
yaiku nglakoni dhewe, kejabane iku kudu tansah
tlaten menehi wulangan lesan.Nalikane bebarengan
mangan karo wong tuwa , bocah-bocah dituladhani
kepriye carane mangan kang mawa tata krama.
Nalikane bocah-bocah dolanan karo kanca-kancane, nalikane diajak maradhayoh, kudu tansah diperdi murih
ngerti marang tata krama kang becik.
Upamane nalikane diwenehi apa-apa dening wong tuwane kudu diwulangi aweh panarima, klawan matur :
“Matur sembah nuwun” apa “ terima kasih”. Luwih-luwih yen kang menehi iku mau wong liya, si bocah
aja nganti lali nelakake atur panuwune.
aja nganti lali nelakake atur panuwune.
Yen pamit mulih , bocah iya diwulangi carane wong pamitan.
Tata krama, kang ditindakake wong tuwa ing sadina-dina becik diwulangake marang bocah-bocah
baka sethithik, supaya bisa kulina, satemah ing besuke banjur manjing dadi pakulinane dhewe.
baka sethithik, supaya bisa kulina, satemah ing besuke banjur manjing dadi pakulinane dhewe.
Yen bocah arep mangkat sekolah, becike diwajibake pamit :
“Bu, kula badhe bidhal”
“Mbah, keng wayah nyuwun pamit mangkat sekolah “
Samono uga sawise mulih, becike iya kudu matur, apese ngetok marang wong tuwa.
Mangkono yen lelungan menyang pasar utawa dolan menyang omahe kancane , kudu dikulinakake
pamit dhisik, supaya ngerti marang pranatan, sarta iya ora bakal gawe bingunge sing ana ngomah.
pamit dhisik, supaya ngerti marang pranatan, sarta iya ora bakal gawe bingunge sing ana ngomah.
Bocah-bocah kudu dingertekake nganti manjing dadai pakulinane, yen :
1. Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake dening bocah-bocah kang sopan.
2. Wong menganggo ora dibenikake iku kurang apik, ora patut tumrape bocah-bocah kang ngerti tata krama.
3. Bocah adus tanpa patelesan bebarengan karo wong akeh, karo wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake
dening bocah-bocah sekolahan.
4. Wong mbebuwang ing papan kang katon dideleng wong liya iku ora sopan, ora pantes ditindakake
dening bocah kang susila.
dening bocah kang susila.
5. Wong kang gawe geger ing pasamuwan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah
pengaja
Tidak ada komentar:
Posting Komentar