teks

Sugeng Rawuh Wonten Blog Kawula Mugi Wonten Ginanipun

Kamis, 07 April 2011

Wejangan Ki Padmosusastro 1

oleh Djajus Pete pada 04 April 2011 jam 23:21
01)
Lumuh ing gawe iku ora beda karo kesed, dadi tuking kapitunane dhewe. Senajan sujana yen lumuh ing gawe iya ilang kuncarane, ilang kajen keringane, bali kaya wong lumrah tur ora kedhuwitan saka panggawene dhewe. Dipendhem ana ing uwuh palumuhan.

02)
Uni ala lan uni becik padha angobahake uwang. Yagene kowe dhemen adol uni kang sethithik regane, tinimbang uni becik kang akeh regane?

03)
Endeming inuman keras ora sepiroa, tangi turu wis ilang. Nanging endeming kawibawan lan kamukten sok nggonjingake engetan. Ora bisa mari dening sarana, marine yen wis tumiba ing tiwas, getune kasep. Mulane aran beja wong wibawa mukti eling marang kaapesan , duwe tepa utawa welas marang pepadhaning tumitah kang tumiba ing apes utawa kemlaratan.

04)
Endeming waragang anglalekake suba-sita.
Endeming candu, bisa anjara langit,nanging yen wis mari mendem, bali ketagihan maneh.
Endeming wanodya cumithak ana ing ati,liwung ora karu-karuwan, paraning bendu marang kang apes parane.
Endeming wong seneng ngabotohan, yen kalah rupak jagade, sirna katresnane marang anak-bojone, diblejedi nganti blindhis, suwe-suwe mremen angapus-apusi marang sanak sedulure.

Satemene endem patang prakara ing ndhuwur mau isih kalah karo endeming kehormnatan : Gila hormat. Pancen hiya nyata,tembung 'Gila hormat' mau ora beda kaya wong edan, digeguyu sadina-dina, ora ngrumangsani.

05)
Uler dadi amaning tetanduran, ngrikiti godhong nganti pundhes, tanpa welas marang wit kang nguripi awake. Suprandene bareng tekaning mangsa tuwa, eling marang panggawe becik, tobat marang Pangeran, tapa brata nyuwun pangapura : angenthung, lawas-lawas tinarima ambabar dadi kupu, bisa ngambah gegana sarta salin pakareman, mung ngisep maduning kusuma.
Gek kepriye yen manungsa kang duwe kelakuwan ala ora bisa mari nganti tumeka ing pati, apa kalah karo pakartine kewan cilik?

06)
Angele wong urip, mata dhuwiten : luput. Ora duwe dhuwit : saya luput. Sing becik aja dhemen dhuwit, dhemena dayane. Iku bisa nguripake jenengmu nganti tumeka ing pati.
Beda karo wong sugih kang ora amek dayaning dhuwite, bareng mati dadi rebutan, kubure kapiran.

07)
Resiking budi : anemtremake ati. Tentreming ati : gawe kuwarasan. Warasing awak : andawakake umur.
Apa ora mengkono?
Resiking awak : ngepenakake rasa. Kepenaking rasa : ngenakake pamangan, marasake badhan. Warasing badhan : andawakake umur.
Apa ora mengkono?

08)
Wong yen wis tentrem arep golek apa maneh? Aleming wong yen ora digoleki : mara dhewe.

09)
Wong kang netepi marang ubayane (janjine) , iku wis ngambah dalaning kautaman.

10)
Ora ana wong kangelan tanpa pituwas.
Lupute awake , iya anak putune kang tampa.
Yagene suthik kangelan, dipilaur nganggur, apa ana janjine wong nganggur oleh ganjaran?

11)
Cacating anak yen ora tresna marang bapa-biyunge.
Cacating urip yen koncatan budi rahayu, senajan sugih singgih sirna ajine.
Cacating wong tangi turu : yen kawanen.
Cacating satriya yen ora berbudi.
Cacating wong sugih yen kumet.
Cacating Pandhita yen ora brata.
Cacating pamarentah yen ora adil.
Cacating mitra yen ora prasaja.

12)
Watak resikan iku dadi tuking kuwarasan, nanging watak regedan (crobo) dadi kedhunging kalaran (lelara) ; resiking budi gawe begjane raga , regeding budi gawe cilakaning raga.
Dadi wis tetela terang becik resik tinimbang karo reged, nanging manungsa akeh sing dhemen reged, mung laire wae kabeh dhemen resik, batine ora.

13)
Manungsa kang ngempakake tembung lamis, iku kaya angganing kembang rawe : tinonton nyenengajke, ananging yen dinumuk anggateli.

14)
Kang diarani kasugihan linuwih, iku mareming ati : deduwe saduwek-duweke.

15)
Aja sok dhemen prakaran, ora becik, ngelingana paribasan ' kalah dirempah , menang dipindhang, tegese : olehe prakaran kalah kabeh.

16)
Pagaweyan kang abot dhewe iku pagaweyan kang ora dilakoni, nganti sakeseling ati ora bisa rampung saka awang-awangen. Dene pegaweyan abot temenan kang dilakoni, suwe-suwe nganti tanpa bobot, nganggur ora duwe pegaweyan.
Iya iku bedane wong kesed karo wong sregep. Si Kesed malah kerep asambat kabotan gawe, si Sregep rumangsane kenthengen gawe.
Tegese, ora ana pegaweyan abot, yen linakonan mesthi dadi entheng. Kosok baline senajan pagaweyan entheng, yen ora dilakoni iya dadi abot, dening ora rampung.

17)
Panarima iku tuking katentreman. Tanpa panarima, tanpa tentrem, empaning panarima niteni tibaning takdire kang metu saka ikhtiyare, dadi ora meri marang kabegjane liyan. Awake tumiba ing papa utawa mulya dianggep padha bae, awit pancen wis pesthine mengkono, iku kepenaking atine ngungkuli wong sugih singgih,nanging arang-arang ana.

18)
Ditresna marang wong becik atine, diwelas marang wong kang nandhang papa cintraka. Nanging aja gething lan aja dhemen marang wong sugih, awit ora kena digethingi lan didhemeni dening ora butuh marang kowe. Becike : madyanen bae.

19)
Sugih singgih kalah karo kuwasa, sing kuwasa kepengin mukti wibawa, sing mukti wibawa isih ngresula butuh dhuwit. Sing sugih dhuwit kepengin singgih, sing singgih kepengin kuwasa, sing kuwasa kepengin mukti wibawa. Bola-bali kareping manungsa iku ora karu-karuwan.

20)
Satemene ora ana wong kang marem atine, senajan karepe ketekan kabeh, iya isih kurang. Saben wis klakon karepe,banjur bosen, nuli salin salaga kepengin duwe liyane maneh,mengkono sabanjure, iya iku sekarate wong ana ing ngalam ndonya, mari-mari yen wis mati.[]

Cathetan :
Akeh buku absa Jawa seratane Ki Padmosusatro kang nalika sugenge mapan ana ing Surakarta, antara liya, : Rangsang Tuban ;Serat Pustakaraja-purwa ; Layang Madubasa ; Serat Pathibasa ; Serat Paramayoga ; Serat Urapsari lan isih akeh maneh. Yuswa 85 tahun, seda taun 1926. Sawetara wejangane bisa takaturake kaya ing ndhuwur.

1 komentar:

  1. The Best Casinos in USA - APRCasino
    It worrione is one of the most หาเงินออนไลน์ well-known casino casinos, and it is owned and operated by the Rincon aprcasino Band https://access777.com/ of gri-go.com Luiseno Indians. There are over 100 different

    BalasHapus