teks

Sugeng Rawuh Wonten Blog Kawula Mugi Wonten Ginanipun

Senin, 07 Maret 2011

Ngrakit Tembang Macapat

Tembang macapat iku duwe surasa utawa makna maneka warna. Ana kang ngandhakake macapat iku maknane maca papat-papat. Karepe, pamacane tembang iku medhote patang wanda-patang wanda. Ana maneh kang negesi macapat iku asale saka tembung macapet ( maca + cepet ). Karepe, tembang kang anggone nembangake cepet, ora kakehan luk. Manawa kita arep nggawe tembang macapat, luwih dhisik kita kudu ngerti paugeran lan watake tembang macapat.
Paugerane Tembang macapat iku :

1. Guru Gatra : Cacahe gatra ( larik / Baris ) saben sapada ( sa-bait ) tuladhane
maskumambang iku ana 4 gatra / larik/ baris.
2. Guru Wilangan : cacahe wanda ( uni / suku kata ) saben sagatra/ salarik. Tuladhane
" Amenangi jaman edan" iku ana 8 dadi guru wilangane ana 8.
3. Guru lagu : Dhong-dhinge swara/swara aksara swara/ vokal ing pungkasane gatra/ larik
" Amenangi jaman edan " iku unine "a"
Dadi yen digathukake " Amenangi jaman edan " iku guru wilangan lan guru lagune "8a"

Ing ngisor iki Paugeran yen arep ngrakit tembang macapat, manut jinise tembang macapat :

1. Maskumambang : 12 i 6 a 8 i 8 a
2. Mijil : 10 i 6 o 10 e 6 i 8 u
3. Kinanthi : 8 u 8 i 8 a 8 i 8 a 8 i
4. Sinom : 8 a 8 i 8 a 8 i 7 i 8 u 7 a 8 i 12 a
5. Asmarandana : 8 a 8 i 8 e / 8 o 8 a 7 a 8 u 8 a
6. Dhandhanggula: 12i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
7. Gambuh : 7 u 10 u 7 i 8 u 8 o
8. Pangkur : 8 a 11 i 8 u 7 a 12 u 8 a 8 i
9. Megatruh : 12 u 8 i 8 u 8 I 8 o
10.Pocung : 12 u 6 a 8 i 12 a


Banjur kudu ngerti watak wantune tembang macapat :

1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-ngeresi, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih, nelangsa,
karanta-ranta.
2. Mijil Prihatin. Mathuk kanggo carita pitutur, lan gandrung.

3. Kinanthi Seneng, asih, tresna, mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa katresnan.
4. Sinom Grapyak, ethes, mathuk kanggo sesorah, crita kang isi pitutur.
5. Asmarandana Sedhih, prihatin merga nandhang asmara, mathuk kanggo crita sedhih lan crita
baba asmara.
6. Dhandhanggula Ngresepake, luwes, mathuk kanggo medhar crita bab apa wae.
7. Gambuh Sumanak, sumadulur, wanuh – wani, mathuk kanggo medharake bab kanthi rada
sereng, bisa nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kemraket / akrap.
8. Pangkur Sereng, nesu sajak gregeden. Kanggo medhar pitutur kang semu gregeden, yen
gandrung ya gandrung sing sereng, uga kanggo panantang ing paprangan.
9. Megatruh Trenyuh, melas, sedhih, nglokro ( putus asa ), mathuk kanggo medharake rasa
getun, nalangsa lan keranta-ranta
10.Pocung Kendho, tanpa greged, sakepenake, mathuk kanggo crita kang isine sakepenake /
sakarepe wae, tanpa kamempengan. Bisa uga isi pitutur.


Sawise kowe kabeh ngerti paugeran / aturan-aturan lan watake tembang mesthine banjur bisa nggawe tembang macapat kang trep. Karepe, isine cocog karo watake tembang lan mesthine manut paugeran kang bener.

Tuladha :

Yen dadi nom, den weruh ing enomipun
Dene ingkang tuwa
Den kaya banyu ing beji
Den awening paningale aja samar

Manawa dideleng saka paugerane, tembang ing ndhuwur iki tembang pocung. Bisa diarani ngono jalaran guru gatrane ana 4, guru wilangan lan guru lagune 12 u, 6 a, 8 i, 12 a. Dene isine tembang aweh pitutur mungguh piye kudune wong urip iku. Yen enom ya kudu sadhar manawa isih enom

Tuladha ka 2 :

Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan ora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada

Tembang karyane pujangga agung kraton Surakarta, R. Ng. Ranggawarsita iki manawa dideleng saka paugerane genah yen tembang sinom, jalaran kedadean saka 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune 8 a, 8 i, 8 a, 8 i, 7 i, 8 u, 7 a, 8 i, 12 a. Tembang iki nggambarake tekane jaman edan. Jaman kang sarwa rekasa, sarwa molah-malik lan molak-malik kaya ing jaman saiki. Akeh bandha panas kang diperoleh kanthi cara kang ora khalal, asil korupsi, ngapusi, lly. Ing jaman kaya ngene iki, manawa ora melu-melu ngedan, ora bakal keduman apa-apa, ora bisa sugih, uripe rinasa kojur lan ajur. Nanging wong ing golongan iki uripe ora bisa tentrem. Tansah diuber-uber rasa dosa. Nanging ing pungkasane tembang dikandhakake, sak beja-bejane wong kang lali ( wong kang tumindak ora jujur ), isih beja wong kang eling lawan waspada. Wong jujur oleh wae ajur, oleh wae kojur ( cilaka ), nanging iku mung secara fisik ing ndonya, nanging bisa ngrasakkake katentreman batin lan ing mbesuke kita bakal oleh ganjaran. Sapa wae sing tansah eling lan waspada ora gampang kejebak / kejegur ing tindak – tanduk kang negatif. Kanthi keyakinan manawa wong urip iku bakale ngundhuh wohing pakarti, mula urip kanthi jujur senajan kudu ajur lan kojur luwih apik dilakoni. Ananging yen bisa, kita nglakoni urip kanthi jujur nanging nemu mujur, becik ing ndonya lan ing akhirat mbesuk

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar