teks

Sugeng Rawuh Wonten Blog Kawula Mugi Wonten Ginanipun

Sabtu, 12 Maret 2011

panyuwun

Dhuh Gusti Alloh
Dhuh Panjenengan Ingkang Nguwaosi Jagad
Panjenengan Ingkang Maha Suci,
kawula Sucikaken Panjenengan Dhuh Gusti Alloh
kula namung titah ingkang aniaya
kula namung titah Panjenengan ingkang kebag Dosa
Dhuh Gusti
Nyuwun duka dhumateng kula,
titah ingkang kebag pepinginan
titah ingkang pek menange dhewe
titah ingkang sok rumangsa pinter
titah ingkang kumawantun Dhumateng Panjenengan
Dhuh Gusti Alloh Pepundhenipun manungsa
kawula namung saged sendheku wonten Ngarsa panjenengan
namung saged ngetung etung ubenge krikil kayu
namung saged netesaken eluh
namung saged ngraosaken Peparingan Panjenengan
Dhuh Gusti Alloh Pepundhen kawula
Mugi Panyuwun ingkang mobah mosik niki
Panjenengan Kersa Paringi
Panjengan Kersa Ngijabahi
Panjenengan Kersa angridloi
namung punika panyuwun kula
namung punika ingkang saged kawula aturaken
namung punika kula wujudipun manungsa
ingkang nggadhahi raos kirang.
Dhuh Gusti, Kula ingkang Sowan
Amin...................

Dak Enteni

para mirahku
dak enteni tekamu
teka ora teka
panggah dak enteni tekamu,
dina iki aku lan ibu ngupaya,
ngupaya supaya sliramu kabeh padha teka,
ngancani Bapak
ngancani Ibu.
para mirahku
dak enteni tekamu kabeh
wus suwe angen angenku cumanthol ing wiyati
wus suwe angen angenku dak sak ing laci
wus suwe angen angenku kesandhung sandhung
dak enteni tekamu
dak enteni tekamu nganti kapan wae.

Senin, 07 Maret 2011

Amanate Crita / Geguritan

Amanat uga diarani pesen. Saben ngrungokake dongeng becike kita bisa meruhi lan njupuk amanat kang ana sajroning dongeng mau. Sabanjure kang becik kita tindakake lan kang ala kita buwang wae ! Amarga pesen iku lumrahe ana rong warna. Yaiku pesen kang kudu ditindakake lan pesen kang ora oleh / aja ditindakake.

Tuladha :

Pethikan :

Ing sawijining dina, Mbok Marto krungu yen ing tangga desa arep ana wong nanggap wayang. Sabubare buruh tandur ana sawahe Mbah Wira, Mbok Marto uthek ana pawon. Mbok Marto wis ra maelu kesele awak. Butuhe dina kuwi bisa oleh tambahan dhuwit. Senajan Mbok Marto duwe anak papat wadon kabeh, dheweke ora pengin anak – anake marisi uripe. Mbok Marto duwe tekad anake bisaa urip luwih mulya tinimbang wong tuwane.

Amanate :
Kita kudu duwe cita – cita kang luhur, senajan mlarat.

Ngrakit Tembang Macapat

Tembang macapat iku duwe surasa utawa makna maneka warna. Ana kang ngandhakake macapat iku maknane maca papat-papat. Karepe, pamacane tembang iku medhote patang wanda-patang wanda. Ana maneh kang negesi macapat iku asale saka tembung macapet ( maca + cepet ). Karepe, tembang kang anggone nembangake cepet, ora kakehan luk. Manawa kita arep nggawe tembang macapat, luwih dhisik kita kudu ngerti paugeran lan watake tembang macapat.
Paugerane Tembang macapat iku :

1. Guru Gatra : Cacahe gatra ( larik / Baris ) saben sapada ( sa-bait ) tuladhane
maskumambang iku ana 4 gatra / larik/ baris.
2. Guru Wilangan : cacahe wanda ( uni / suku kata ) saben sagatra/ salarik. Tuladhane
" Amenangi jaman edan" iku ana 8 dadi guru wilangane ana 8.
3. Guru lagu : Dhong-dhinge swara/swara aksara swara/ vokal ing pungkasane gatra/ larik
" Amenangi jaman edan " iku unine "a"
Dadi yen digathukake " Amenangi jaman edan " iku guru wilangan lan guru lagune "8a"

Ing ngisor iki Paugeran yen arep ngrakit tembang macapat, manut jinise tembang macapat :

1. Maskumambang : 12 i 6 a 8 i 8 a
2. Mijil : 10 i 6 o 10 e 6 i 8 u
3. Kinanthi : 8 u 8 i 8 a 8 i 8 a 8 i
4. Sinom : 8 a 8 i 8 a 8 i 7 i 8 u 7 a 8 i 12 a
5. Asmarandana : 8 a 8 i 8 e / 8 o 8 a 7 a 8 u 8 a
6. Dhandhanggula: 12i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
7. Gambuh : 7 u 10 u 7 i 8 u 8 o
8. Pangkur : 8 a 11 i 8 u 7 a 12 u 8 a 8 i
9. Megatruh : 12 u 8 i 8 u 8 I 8 o
10.Pocung : 12 u 6 a 8 i 12 a


Banjur kudu ngerti watak wantune tembang macapat :

1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-ngeresi, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih, nelangsa,
karanta-ranta.
2. Mijil Prihatin. Mathuk kanggo carita pitutur, lan gandrung.

3. Kinanthi Seneng, asih, tresna, mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa katresnan.
4. Sinom Grapyak, ethes, mathuk kanggo sesorah, crita kang isi pitutur.
5. Asmarandana Sedhih, prihatin merga nandhang asmara, mathuk kanggo crita sedhih lan crita
baba asmara.
6. Dhandhanggula Ngresepake, luwes, mathuk kanggo medhar crita bab apa wae.
7. Gambuh Sumanak, sumadulur, wanuh – wani, mathuk kanggo medharake bab kanthi rada
sereng, bisa nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kemraket / akrap.
8. Pangkur Sereng, nesu sajak gregeden. Kanggo medhar pitutur kang semu gregeden, yen
gandrung ya gandrung sing sereng, uga kanggo panantang ing paprangan.
9. Megatruh Trenyuh, melas, sedhih, nglokro ( putus asa ), mathuk kanggo medharake rasa
getun, nalangsa lan keranta-ranta
10.Pocung Kendho, tanpa greged, sakepenake, mathuk kanggo crita kang isine sakepenake /
sakarepe wae, tanpa kamempengan. Bisa uga isi pitutur.


Sawise kowe kabeh ngerti paugeran / aturan-aturan lan watake tembang mesthine banjur bisa nggawe tembang macapat kang trep. Karepe, isine cocog karo watake tembang lan mesthine manut paugeran kang bener.

Tuladha :

Yen dadi nom, den weruh ing enomipun
Dene ingkang tuwa
Den kaya banyu ing beji
Den awening paningale aja samar

Manawa dideleng saka paugerane, tembang ing ndhuwur iki tembang pocung. Bisa diarani ngono jalaran guru gatrane ana 4, guru wilangan lan guru lagune 12 u, 6 a, 8 i, 12 a. Dene isine tembang aweh pitutur mungguh piye kudune wong urip iku. Yen enom ya kudu sadhar manawa isih enom

Tuladha ka 2 :

Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan ora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada

Tembang karyane pujangga agung kraton Surakarta, R. Ng. Ranggawarsita iki manawa dideleng saka paugerane genah yen tembang sinom, jalaran kedadean saka 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune 8 a, 8 i, 8 a, 8 i, 7 i, 8 u, 7 a, 8 i, 12 a. Tembang iki nggambarake tekane jaman edan. Jaman kang sarwa rekasa, sarwa molah-malik lan molak-malik kaya ing jaman saiki. Akeh bandha panas kang diperoleh kanthi cara kang ora khalal, asil korupsi, ngapusi, lly. Ing jaman kaya ngene iki, manawa ora melu-melu ngedan, ora bakal keduman apa-apa, ora bisa sugih, uripe rinasa kojur lan ajur. Nanging wong ing golongan iki uripe ora bisa tentrem. Tansah diuber-uber rasa dosa. Nanging ing pungkasane tembang dikandhakake, sak beja-bejane wong kang lali ( wong kang tumindak ora jujur ), isih beja wong kang eling lawan waspada. Wong jujur oleh wae ajur, oleh wae kojur ( cilaka ), nanging iku mung secara fisik ing ndonya, nanging bisa ngrasakkake katentreman batin lan ing mbesuke kita bakal oleh ganjaran. Sapa wae sing tansah eling lan waspada ora gampang kejebak / kejegur ing tindak – tanduk kang negatif. Kanthi keyakinan manawa wong urip iku bakale ngundhuh wohing pakarti, mula urip kanthi jujur senajan kudu ajur lan kojur luwih apik dilakoni. Ananging yen bisa, kita nglakoni urip kanthi jujur nanging nemu mujur, becik ing ndonya lan ing akhirat mbesuk

Nyusun naskah pidhato

Nyusun Teks Pidato

Sadurunge nindakake pidato, kita perlu nyawisake konsep. Kepriye carane nyusun naskah pidato ? Nyusun naskah pidato ora beda karo nulis karangan liyane. Sadurunge nyusun naskah pidato ana sawetara bab kang perlu dimangerteni umpamane :
Kapisan
1. Pidato kuwi disiapake kanggo acara apa ?
2. Sapa wae kang bakal mirengake ? ( bab iki kang mbedakake basa apa kang kudu digunakake
ngoko/ krama )
3. Ing ngendi bakal dipidatokake ?

Kapindho
Manawa ws mangerteni telung perkara ing ndhuwur, kita banjur nyusun cengkorongan.

Katelu
Ngembangake cengkorongan dadi naskah pidato kang wutuh. Aja lali, kanggo mbedakake karangan pidato lan karangan gancaran liyane, ing naskah pidato diperlokake ukara panyapa.

Tuladha :

Kapisan
1. Pidato kanggo makili kancane kang ngundang amarga lulus sekolah lan antuk juara
2. Audiene kanca – kanca sekolah ( SMP )
3. Ing omahe kanca kang lulus ( Hendarwanto )

Kapindho
Cengkorongan :
Pambuka : 1. Salam pambuka
2. Paragrap pambuka

Isi : 1. Matur nuwun tamu wis padha teka
2. Ngajak melu ngrasakake kabegjan amarga lulus ujian lan antuk juara
3. Mbombong kanca – kanca kang ora dadi juara

Panutup : 1. Panyuwunan marang Gusti Allah supaya acarane mupangati
2. Nyuwun pangapura manawa ana bab – bab kang kurang nyenengake

Katelu
Cengkorongan ing ndhuwur manawa dikembangake dadi karangan pidato kang utuh kurang luwih dadine mangkene :

Assalamualaikum wr. wb.
Kanca – kanca kabeh kang daktresnani, alhamdullilahirobbil allamin, kita aturake puji syukur kagem Gusti Allah kang maha agung. Awit kita kudu pracaya manawa kahanan kita kang kebak kabegjan iki mung awit saka kamurahan-E Gusti Allah.
Minangka wakile kadang kita ( Hendarwanto ) ngaturake agunging panuwun marang kanca – kanca kabeh amarga wis gelem kumpul – kumpul ing acara iki. Muga – muga ing acara iki kabeh kinemulan beja lan bahagia.
Kanca – kanca kabeh kang daktresnani,
Ing kalodhangan iki kadang kita Hendarwanto wis ngajak kita kabeh kumpul ana ing kene, saperlu melu ngrasakake rasa begjane amarga wis lulus kanthi nggondhol juara. Bab iki muga – muga bisa kanggo tuladha tumrap kita kabeh. Pancen yen wong sabar, tlaten lan ulet iku asile ya nyenengake. Mesthi wae bab iki uga ngremanake bapak lan ibune kadang kita Hendarwanto.
Kanca – kanca kabeh kang kinemulan begja,
Kanthi kasile kadang kita minangka juara iki, muga – muga uga bisa kanggo pamecut kita. Ayo kita padha niru tindak sarta perjuangane kadang kita hendarwanto saengga bisa dadi juara. Ing pangarep – arep muga – muga kadang kita uga ora lali lan takabur, amarga kabeh mau paringane Gusti Allah kang maha adil. Muga – muga kita kabeh dadi manungsa kang migunani tumrap negra nusa lan bangsa.
Para kadangku kabeh kang daktresnan,
Muga – muga awit saka patemon iki, barokahing Gusti Allah saya lumintu tumrap kita kabeh. Muga – muga, patemon kita iki banget mupangati kanggo kita kabeh.
Dak kira cukup samene dhisik apa kang bisa dakaturake, manawa ana tetembungan kang kurang nyenengake aku mung bisa nyuwun pangapura.
Wassalamualaikum wr.wb.

Materi Pelajaran basa jawa kls 9

Tembung Lingga utawa kata asal (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang durung rinaketan wuwuhan/imbuhan apa-apa. Tembung lingga bisa kagolongake wujud bebas (bentuk bebas). Tembung lingga ana kang dumadi saka sawanda, rong wanda, utawa telung wanda.
wanda = suku kata.
Gong pari rekasa
Bom pitik kulina
Las amben kapiran
Tik wajan padharan

Tembung Andhahan = kata jadian yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan. Ana uga kang ngandhakake yen tembung andhahan iku tembung lingga kang wis dirimbag. Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri, utawa ing tengahe tembung lingga. Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat (bentuk terikat). Imbuhan utawa afiks basa Jawa wujude ana papat, yaiku ater – ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.

Ater – ater ikuimbuhan kang dununge ing kiwaning tembung utawa ing ngarep tembung. Ing ngelmu basa ater-ater lumrah sinebut awalan utawa prefik. Ater-ater basa Jawa cacahe ana pirang-pirang, yaiku ater-ater anuswara, ater-ater a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa anuswara-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, kapi-. Ater-ater iku panulise tansah sumambung utawa tansah gandheng karo tembung linggane.

1) Ater – ater Anuswara
Anuswara utawa swara irung (nasal) ing basa Jawa bisa dadi ater-ater. Ater-ater anuswara utawa ater-ater A- iki meh padha karo awalan meng- (me-N) basa Indonesia. Tembung lingga kang purwane aksara p,w,t,th,c,k, lan s yen diwuwuhan ater-ater A-, aksara p,w,t,th,c,k, lan s luluh.
Tuladha :
m- + pacul  macul
n- + pecok  mecok
ng- + keplak  ngeplak
ny + sambel  nyambel

Ing basa rinengga (ragam susastra), ater-ater A- kala mangsane dadi am- (ham-), an- (han), ang- (hang) lan any- (hany-).
mbalang  ambalang (hambalang)
nuthuk  anuthuk (hanuthuk)
nglumpuk  anglumpuk (hanglumpuk)
nyapu  anyapu (hanyapu)

Yen sumambung karo tembung lingga kang sawanda wujude ater-ater ng- malih dadi nge-. Tuladha :
ng- + dol  ngedol
ng- + cet  ngecet
ng- + lap  ngelap

Ater-ater anuswara duwe kabisan ngowahi jinising tembung dadi tembung kriya utawa tembung kaanan/ watak (sifat). Tuladha :
m- + pecut  mecut tembung aran tembung kriya
n- + tajin  najin
ng- + garong  nggarong
ny + sapu  nyapu
m- + banyu  mbanyu tembung arantembung kaanan
n- + jamur  njamur
ng- + kebo  ngebo

2) Ater – ater a-
Ater-ater a- kang sumambung ing tembung lingga ngemu teges nganggo lan duwe , ater-ater ma- ngemu teges nindakake pakaryan.
a- + wujud  awujud duwe wujud
a- + klambi  aklambi nganggo klambi
ma- + guru  maguru
mer + dhukun merdhukun

3) Ater – ater maA- utawa (maN-)
Ater – ater maA- utawa ma anuswara iki bisa malih dadi man-, mang-, utawa many- gumantung aksara kawiwitane tembung ndapuk tembung kriya.
maA- + wetan  mangetan menyang ngetan
maA + tunggal  manunggal dadi tunggal/dadi siji

4) Ater – ater ka-
Ater-ater ka- uga sinebut bawa ka, ndhapuk tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) manawa sumambung ing tembung lingga ngemu teges nindakake pakaryan karana disengaja. Ing basa Indonesia ater-ater ka- padha karo awalan di-
ka- + jupuk  kajupuk
ka + gawa  kagawa

5) Aetr – ater ke-
Ater-ater ke- bisa andhapuk sawijining tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) manawa sumambung ing tembung lingga ngemu teges nindakake pakaryan karana ora disengaja. Ing basa Indonesia, ater-ater ke- padha karo awalan ter-.
ke- + jepit  kejepit
ke- + siram  kesiram
ke- + antem  kantem

Yen sumambung ing tembung lingga kang purwane b,d,dh, lan g terkadhang lira-liru (bervariasi) karo ge-. Tuladha :
kebuntel ~ gebuntel
kedudut ~ gedudut
kedhudhah ~ gedhudhah
kegedhen ~ gegedhen

6) Ater – ater di- (dipun-)
Ater-ater di-, ndhapuk sawijining tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif). Ing basa krama ater-ater di- malih dadi dipun-, panulise kagandheng.
di- + balang  dibalang
dipun- + waos  dipunwaos

7) Ater – ater sa-
Ater-ater sa-, ndhapuk tembung lingga dadi tembung wilangan (numeralia). Ater-ater sa- kadhang malih dadi se- / sak-.
sa- + gelas  sagelas ~ segelas
sa- + wengi  sawengi ~ sakwengi

8) Ater – ater pa- Anuswara
Ater-ater pa- anuswara lumrah riningkes dadi paA- utawa paN- (pa nasal). Ater-ater kasebut ndhapuk tembung lingga dadi tembung aran (kata benda). Wujude ater-ater paA- : pa-, pam-,pan-,pang-,pany- kadhang dadi pem-,pen-,peng-. Ing basa Indonesia meh padha karo peng-.
pa- + warta  pawarta
pa- + enget  paenget  penget
pa- + ukum(-an)  paukum(an)
pam- + priksa  pamriksa

9) Ater – ater pi-
Tembung lingga kang diater-ateri pi- panulise ajeg lan ndapuk dadi tembung aran duwe teges sing di-.
pi- + andel  piandel
pi- + wulang  piwulang

10) Ater – ater pra-
Ater-ater pra- kadhang malih dadi pre- yen sumambung tembung lingga ndapuk tembung aran.
pra- + lambang  pralambang~ prelambang
pra- + jurit  prajurit ~ prejurit
* tembung lingga telung wanda prakosa, prawasa, prayogi, prasaja.

11) Ater – ater pri-
Ater-ater pri- ngowahi tembung lingga dadi tembung aran, gunggunge (jumlah) winates.
pri- + angga  priangga
pri- + bumi  pribumi

 tembung lingga telung wanda pribadi

12) Ater – ater tar-
Ater-ater tar- bisa ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya lan tembung katrangan. Yen sumambung tembung lingga malih dadi ter-.
tar- + kadhang  tarkadhang ~ terkadhang
tar- + buka  tarbuka ~ terbuka

13) Ater – kuma-, kami-, lan kapi-
Ater – kuma-, kami-, lan kapi- sinebut bawa kuma- jalaran tembung lingga kang rinaketan ater-ater kasebut mesthi dadi tembung watak (kaanan).
kuma- + lancang  kumalancang (kumlancang)
kami- + tetep(en)  kamitetep(en)
kapi + adreng  kapiadreng

Seselan utawa sisipan yaiku imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung, cacahe ana papat, yaiku –um,-in, -er(-er-)-el.

1) Seselan –um-
Sinebut bawa ma jalaran yen diseselake ing tembung lingga apurwa vokal, seselan –um- malih dadi m- lan dumunung ing ngarep tembung.
udhun + (-um-)  umudhun  mudhun
ulur + (-um)  umulur  mulur

Tembung lingga kang purwane aksara p + -um-, aksara p malih dadi k dene aksara b malih dadi g la seselan –um- malih dadi –em-.
pinter + (-um-)  puminter  kuminter ~keminter
panggang+ (-um-)  pumanggang kumanggang ~kemanggang
bagus + (-um-)  bumagus  gumagus ~gemagus
brebeg + (-um)  bumrebeg  gumrebeg ~gemrebeg

Seselan –um- kang sumambung ing tembung lingga kajaba bisa ndhapuk tembung kriya (kriya tanduk tanpa lesan) uga bisa ndhapuk tembung sifat/ kaanan/ watak.
laku + (-um-)  lumaku tembung kriya
kenthus+ (-um-)  kumenthus tembung sifat/kaanan/watak


2) Seselan –in-
Yen sumambung ing tembung lingga kang apurwa vokal, seselan –in- malih dadi ing- lan dununge ing ngarep tembung maknane padha karo ater-ater di-. Seselan –in- ingaranan tanggap na, jalaran tembung lingga kang diseseli –in mesthi malih dadi tembung kriya tanggap.
antem + (-in-)  inantem  ingantem
incim + (-in-)  inincim  ingincim
ucek + (-in-)  inucek  ingucek
eman + (-in-)  ineman  ingeman
obong + (-in-)  inobong  ingobong

Yen purwane awujud konsonan ora ngalami owah-owahan.
Sawang + (-in)  sinawang
pecut + (-in-)  pinecut ‘dipecut’

3) Seselan –er- lan –el-
Seselan –er- lan –el- kadhang malih dadi –r- , -l- , gunggunge winates.
gandhul + (-er-)  gerandhul  grandhul
kelip + (-er-)  kerelip  krelip
kepyur + (-el-)  kelepyur  klepyur
titi + (-el-)  teliti  tliti

Panambang yaiku imbuhan sing dumunung ing buri tembung (akhiran). Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang ana sisih kiwane/ ora kena kapisah. Gunggunge panambang ing Basa Jawa akeh banget, kayata: -i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, -ake.

1) Panambang –i
Panambang –i sumambung tembung lingga kang pungkasane vokal malih dadi-ni manawa kang pungkasane konsonan ora ana owah-owahan. Tembung kang dipanambangi –i mesthi malih dadi tembung kriya, duwe teges pakon/ hagnya.
tamba + -i  tambai  tambani akon supaya nambani
gebug + -i  gebugi  gebugi akon supaya nggebug

2) Panambang –a
Tembung lingga + -a pangucape muncul swara w lan p, nanging panulise ora katulis nganggo w/p. Saben tembung lingga diwuwuhi panambang –a umume dadi tembung kriya lan duwe teges pakon, saupama/sanadyan, pangarep-arep.
tuku + -a  tukua pangucape muncul swara w
‘tegese akon supaya tuku’
bali + -a  balia pangucape muncul swara y
‘tegese akon supaya bali’
bagus + -a  bagusa ‘saupama/sanajan bagus’
udan + -a  udana ‘ngarep-arep supaya udan’

3) Panambang –e (-ipun)
Panambang –e (-ipun) ndapuk tembung lingga dadi dadi tembung aran (nomina). Tembung lingga kang pungkasane vokal –e dadi –ne, -ipun dadi –nipun. Manawa pungkasane konsonan ajeg ora owah.
dara + -e  darae  darane
joged + -e  jogede
asta + -ipun  astaipun  astanipun
tindak + -ipun  tindakipun

4) Panambang –en
Panambang –en bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane vokal malih dadi –nen manawa tumempel ing konsonan konsonan ajeg.
rundhuk + -en  rundhuken
cacing + -en  cacingen
isi + -en  isien  isinen
sate + -en  sateen  satenen
gawa + -en  gawanen

*panambang –en kajaba ndhapuk tembung kriya, uga bisa ndhapuk tembung kaanan/ watak. Tembung lingga kang kawuwuhan panambang –en malih dadi tembung kaanan diarani tembung guna. Tuladha :
plenthingen cacingen wudunen kreminen mimisen

5) Panambang –an
joged + -an  jogedan
andhuk + -an  andhukan
gawe + -an  gawean
sore + -an  sarean

Panambang –an yen kasambung ing tembung kang wekasane awujud vokal mesthi ngalami owah-owahan utawa ngalami persandhian, yaiku :
...u + -an  on
...i + -an  en
...e + -an  en
...a + -an  an

tuku + -an  tukuan  tukon
lali + -an  lalian  lalen
duwe + -an  duwean  duwen
kanca + -an  kancaan  kancan

Panambang –an yen sumambung ing tembung lingga bisa ndhapuk tembung aran duwe teges piranti kanggo, papan/panggonan, sing di-. Tuladha :
timbangan piranti kanggo nimbang
kauman panggonan kaum/santri
panganan sing dipangan

Panambang –an yen sumambung ing tembung lingga bisa ndhapuk tembung kriya duwe teges nganggo. Tuladha :
kemulan nganggo kemul
sarungan nganggo sarung

Panambang –an ndhapuk tembung kaanan duwe teges ngandhakake kaanan. Tuladha: isinan bingungan apikan gugupan nesunan

6) Panambang –na
jupuk + -na  jupukna
gawe + -na  gawena  gawekna

takon + -na  takonna  takokna
takon ~ takok + -na  takokna
takokna ‘akon supaya nakokake

7) Panambang –ana
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda menga + -ana malih dadi –nana manawa pungkasane awujud konsonan ajeg ora owah. Tembung lingga + -ana/-nana mesthi dadi tembung kriya lan ngemu teges pakon utawa sanadyan di-
kanca + -ana  kancaana  kancanana
damu + -ana  damuana  damonana
raup + -ana  raupana
wisuh + -ana  wisuhana

8) Panambang –ane
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda menga + -ane malih dadi –nane manawa pungkasane awujud konsonan ajeg ora owah. Tembung lingga + -ana/-nana mesthi dadi tembung aran lan ngemu teges anggone.

tamba + -ane  tambaane  tambanane
gebug + -ane  gebugane
* kang nyebal ora ateges anggone : kakekane, trondholane, edanane

9) Panambang –ake (-aken)
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda menga + -ake malih dadi –kake manawa pungkasane awujud konsonan ajeg ora owah.
turu + -ake  turuake  turokake
tulis + -ake  tulisake
beta + -aken  betaaken  betakaken
serat + -aken  serataken
* diwancah :
Turokake ~ turoke
tulisake ~ tuliske

Imbuhan Bebarengan Rumaket
Ater-ater lan lan panambang kaimbuhake kanthi bebarengan ora kena kapethil-pethil.
1) Imbuhan ka- -an uga sinebut bawawacaka
ka- + raharja + -an  karaharjan
ka- + bledhos + -an  kabledhosan
ka- -an kadhang malih dadi ke- -an  kabledhosan ~ kebledhosan

2) Imbuhan ke- -en ndhapuk tembung aran mula uga sinebut adiguna, ngemu teges banget.
ke- + cilik + -en  keciliken banget cilike
kem- + pinggir + -en  keminggiren
ken- + dhangak + -en  kendhangaken
keng- + kulon + -en  kengulonen
keny- + crongat + -en  kenyrongaten

3) Imbuhan pa(A)- -an
pa- + pring + -an  papringan
pa- + awu + -an  pawon
pam- + wulang + -an  pamulangan
pan- + dhelik + -an  pandhelikan
pang- + urip + -an  panguripan
pany- + jujug + -an  panyjujugan
*ing buku – buku kuna imbuhan pa-...-an sinebut daya wacaka dene imbuhan pam/pan/pang/pany-...-an sinebut karana wacaka

4) Imbuhan pra- -an
pra- + desa + -an  pradesan
pra- + sanak + -a  prasanakan
pra- + janji + -an  prajanjen
*imbuhan kasebut kalebu imbuhan kang kurang produktif, yen sumambung ing tembung lingga umume mratelakake bab papan/panggonan utawa padha...

Imbuhan Bebarengan Renggang iku imbuhan kang awujud ater – ater lan panambang kang kasambungake ing tembung lingga ora bebarengan (tidak serentak)
1) Imbuhan A- -i (Anuswara- -i)
Imbuhan A- -i sumambung ing tembung lingga bakal ndapuk tembung kriya, mula sinebut i kriya, ngemu teges nindakake pakaryan bola – bali.
m- + lumpat + -i  mlumpati
2) Imbuhan A- -a (Anuswara- -a)
Nduwe teges akon marang wong liya supaya nindakake pakaryan utawa duwe teges sanadyan (kontradiktif)
n- + tangis + -a  nangisa
3) Imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake)
Nduwe teges nganggo/ndadekake/njalari sawijining bab (kausatif) utawa nindakake pakaryan kanggo wong liya (benefaktif)
ng- + keplak + -ake  ngeplakake
ngeplakake ~ ngeplakke
4) Imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana)
Nduwe teges akon supaya nindakaken pakaryan utawa sanadyan...
ny- + cedhak + -ana  nyedhakana
5) Imbuhan A- -e (Anuswara- -e)
Nduwe teges anggone...
m- + laku + -e  mlakune
6) Imbuhan di- -i
Nduwe teges nindakake pakaryan nganti makaping - kaping
di- + thithil + -i  dithithili
7) Imbuhan di- -a
Nduwe teges sanadyan nindakake pakaryan/sanajan di...
di- + asah + -a  diasaha
8) Imbuhan di- -ana
Nduwe teges sanadyan di...i
di- + jotos + -ana  dijotosana
*sanadyan dijotosi nganti bola - bali
9) Imbuhan di- -ake
Nduwe teges wong liya nindakake pakaryan kanggo awake dewe
di- + wales + -ake  diwalesake
10) Imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana
gambar + (-in-) -an  ginambaran  digambari
sambung + (-in-) -ake  sinambungake  disambungake
tangis + (-in-) -ana  tinangisana  ditangisana
*seselan (-in-) lan panambang ana kang sumambung ing tembung lingga nduwe teges sanadyan di...i
11) Imbuhan (-um-) –a
Akon supaya nindakaken pakaryan
singkir + (-um-) -a  sumingkira
12) Imbuhan sa- -e
Kang sumambung ing tembung lingga bakal ndapuk tembung katrangan lan nduwe teges nganti... karo... lan padha karo...
sa- + cilik + -e  sacilike
sa- + lawuh + -e  salawuhe