teks

Sugeng Rawuh Wonten Blog Kawula Mugi Wonten Ginanipun

Selasa, 28 Juni 2011

Cara sinau kang apik

Berikut ini adalah tips dan triks yang dapat menjadi masukan berharga dalam mempersiapkan diri dalam menghadapi ulangan atau ujian :
1. Belajar Kelompok
Belajar kelompok dapat menjadi kegiatan belajar menjadi lebih menyenangkan karena ditemani oleh teman dan berada di rumah sendiri sehingga dapat lebih santai. Namun sebaiknya tetap didampingi oleh orang dewasa seperti kakak, paman, bibi atau orang tua agar belajar tidak berubah menjadi bermain. Belajar kelompok ada baiknya mengajak teman yang pandai dan rajin belajar agar yang tidak pandai jadi ketularan pintar. Dalam belajar kelompok kegiatannya adalah membahas pelajaran yang belum dipahami oleh semua atau sebagian kelompok belajar baik yang sudah dijelaskan guru maupun belum dijelaskan guru.
2. Rajin Membuat Catatan Intisari Pelajaran
Bagian-bagian penting dari pelajaran sebaiknya dibuat catatan di kertas atau buku kecil yang dapat dibawa kemana-mana sehingga dapat dibaca di mana pun kita berada. Namun catatan tersebut jangan dijadikan media mencontek karena dapat merugikan kita sendiri.
3. Membuat Perencanaan Yang Baik
Untuk mencapai suatu tujuan biasanya diiringi oleh rencana yang baik. Oleh karena itu ada baiknya kita membuat rencana belajar dan rencana pencapaian nilai untuk mengetahui apakah kegiatan belajar yang kita lakukan telah maksimal atau perlu ditingkatkan. Sesuaikan target pencapaian dengan kemampuan yang kita miliki. Jangan menargetkan yang yang nomor satu jika saat ini kita masih di luar 10 besar di kelas. Buat rencana belajar yang diprioritaskan pada mata pelajaran yang lemah. Buatlah jadwal belajar yang baik.
4. Disiplin Dalam Belajar
Apabila kita telah membuat jadwal belajar maka harus dijalankan dengan baik. Contohnya seperti belajar tepat waktu dan serius tidak sambil main-main dengan konsentrasi penuh. Jika waktu makan, mandi, ibadah, dan sebagainya telah tiba maka jangan ditunda-tunda lagi. Lanjutkan belajar setelah melakukan kegiatan tersebut jika waktu belajar belum usai. Bermain dengan teman atau game dapat merusak konsentrasi belajar. Sebaiknya kegiatan bermain juga dijadwalkan dengan waktu yang cukup panjang namun tidak melelahkan jika dilakukan sebelum waktu belajar. Jika bermain video game sebaiknya pilih game yang mendidik dan tidak menimbulkan rasa penasaran yang tinggi ataupun rasa kekesalan yang tinggi jika kalah.
5. Menjadi Aktif Bertanya dan Ditanya
Jika ada hal yang belum jelas, maka tanyakan kepada guru, teman atau orang tua. Jika kita bertanya biasanya kita akan ingat jawabannya. Jika bertanya, bertanyalah secukupnya dan jangan bersifat menguji orang yang kita tanya. Tawarkanlah pada teman untuk bertanya kepada kita hal-hal yang belum dia pahami. Semakin banyak ditanya maka kita dapat semakin ingat dengan jawaban dan apabila kita juga tidak tahu jawaban yang benar, maka kita dapat membahasnya bersama-sama dengan teman. Selain itu
6. Belajar Dengan Serius dan Tekun
Ketika belajar di kelas dengarkan dan catat apa yang guru jelaskan. Catat yang penting karena bisa saja hal tersebut tidak ada di buku dan nanti akan keluar saat ulangan atau ujian. Ketika waktu luang baca kembali catatan yang telah dibuat tadi dan hapalkan sambil dimengerti. Jika kita sudah merasa mantap dengan suatu pelajaran maka ujilah diri sendiri dengan soal-soal. Setelah soal dikerjakan periksa jawaban dengan kunci jawaban. Pelajari kembali soal-soal yang salah dijawab.
7. Hindari Belajar Berlebihan
Jika waktu ujian atau ulangan sudah dekat biasanya kita akan panik jika belum siap. Jalan pintas yang sering dilakukan oleh pelajar yang belum siap adalah dengan belajar hingga larut malam / begadang atau membuat contekan. Sebaiknya ketika akan ujian tetap tidur tepat waktu karena jika bergadang semalaman akan membawa dampak yang buruk bagi kesehatan, terutama bagi anak-anak.
8. Jujur Dalam Mengerjakan Ulangan Dan Ujian
Hindari mencontek ketika sedang mengerjakan soal ulangan atau ujian. Mencontek dapat membuat sifat kita curang dan pembohong. Kebohongan bagaimanapun juga tidak dapat ditutup-tutupi terus-menerus dan cenderung untuk melakukan kebohongan selanjutnya untuk menutupi kebohongan selanjutnya. Anggaplah dengan nyontek pasti akan ketahuan guru dan memiliki masa depan sebagai penjahat apabila kita melakukan kecurangan.
Semoga tips cara belajar yang benar ini dapat memberikan manfaat untuk kita semua, amin.

Jumat, 22 April 2011

ngetrapake basa

Add caption
Ing bebrayan (masyakarat) Jawa kerep keprungu
tetembungan unggah-ungguh. Tegese unggah-
ungguh yaiku sopan santun, tata krama.wong Jawa
saiki akeh sing ngarani yen wong enomwis ora nduweni
 unggah-ungguh maneh. Mesthi bae. 
Wong saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber
kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet
anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen
sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton
 kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi
ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan
anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal
 nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan
sikap, apa tindak tanduk. Sing gampang bae
anane owah-owahan punjere paprentahan, 
sing biyen ana ing Surakarta Hadiningrat lan Ngayojakarta Hadiningrat saiki wis ngalih ana ing Jakarta.
 Kahanan iki nyebabake owah-owahan uga, utamane Basa Jawa. Basa Jawa sing biyene dadi basa resmi
 paprentahan saiki ora. Malah-malah saiki akeh wong Jawa sing wis ora gelem nganggo basa Jawa maneh, 
sanajanta wong mau asale saka Surakarta lan Ngayojakarta. Kahanan iki nyebabake basa Jawa ngalami 
owah gingsir, bisa-bisa ngalami ilang musna kaya basa Jawa Kuna sing jaman saiki wis wong Jawa
sing ora ngerti.

 Akeh wong Jawa sing wis ora ngerti basa Jawa maneh. Ngertia ya mung capet-capet, 
apa maneh nganggo basa sing ndakik-ndakik.
Basa Jawa saiki wis owah, ora kaya basa Jawa jaman panjenengane Bapak Antunsuhono,
S. Padmosukoco, R Ng Poerbacaroko lan sapanunggalane. Nalika jaman iku basa Jawa diperang dadi :
1. Basa Ngoko. Basa Ngoko isih diperang dadi basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Andhap.
2. Basa Madya. Basa Madya isih diperang dadi basa Madya Ngoko, Madya Krama, lan Madyantara.
3. Basa Krama. Basa Krama isih diperang dadi basa Mudhakrama, Madya Krama, lan Wredhakrama.
4. Basa Krama inggil.
5. Basa Bagongan utawa basa sing kanggo ing sajerone kraton.
6. Krama desa sing tembung-tembunge akeh sing tinemu ing karang pradesan.

Jaman saiki akeh wong desa sing dadi priyayi gedhe ing Jakarta, dene sing biyen trahing kusuma
 rembesing madu
 ing kraton Surakarta lan Ngayojakarta dadi priyayi lumrah. Kadhangkala wong-wong ing sacedhake
 (tangga teparone) priyayi mau ora mangerteni yen priyayi mau tedhaking kusuma rembesing madu,
 kaya paribasan
 kang kamot ing tembang Dhandhanggula , diemot (dimuat) ing buku "Ngengrengan Kasusastran Jawi" 
karangan S. Padmosukoco, paribasan tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati, temahnampa papan
kang nistha.
Mula apa kira-kira saiki ora perlu diatur ing paramasastra anyar? Upamane jinise basa mau
diperang dadi :
1. Basa Ngoko kedadean saka Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (Ngoko Alus) ,sing aturane padha jaman biyen.
2. Basa Krama kedadean saka Krama Lugu lan Krama Andhap (Krama Alus). Basa Krama Lugu aturane 
kaya Basa Kramantara, lan Basa Krama Andhap (krama Alus ) kaya Mudha Krama. Kena apa kok 
basa Mudhakrama? Jalaran basa Mudha Krama iku kramane wong enom marang wong tuwa. Wong Jawa 
nduweni watak ngajeni wong kang dijak guneman lan ngasorake awake dhewe, kaya ing basa Ngoko Alus 
utawa Ngoko Andhap .
Kepriye dulur tanggapan panjenengan?

Tata Kramane Bocah Marang Guru


Ana ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang 

kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama . 
Upamane nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune ,
 dilelatih matur : “Sugeng enjing, wilujeng enjing, 
sugeng sonten” lan sapanunggalane, apese iya
manthuk tandha aweh hurmat.Nalika kasep mlebu kelas,
kamangka wulangan 
wis lumaku kudu matur:”Nyuwun pangapunten, 
kula kasep jalaran jawah “.upamane. Ora kena
mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune.
Nalikane nuju arep metu saka kelas marga arep
menyang pakiwan, uapamane , ora kena ndadak
metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik:
 “Bu Guru, keparenga  kula badhe dhateng wingking.”
Yen sesuke arep ora mlebu, iya pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit
 luwih dhisik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu.
Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata krama. Kudune 
mung arep mbantah bae, awit kira-kira bae padha nduweni panemu yen tata krama iku kudu dibuwang marga
 tinggalane kaum feodal.
Ana uga kang ngira, yen tindak tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong kang jirih. Kosok baline,
 tindak tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel.
Bocah-bocah kang susila, ora ateges bocah kang jirih lan ora nduweni greget maju, nanging bocah kang bisa 
aweh pakurmatan marang sapa bae kang pantes dihurmati. Wedi sabarang tindak kang klebu larangan lan
 kang mitunani wong liya. Wani ngakoni kaluputane dhewe, nanging iya wani ngandhemi bebener lan tekade 
kang wis dadi keyakinane.
Murid kang sopan lan ngerti marang tata krama iku :
1. Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkiri. Balik malah sareh mapagake sarta 
     asung kurmat kanthi manthuk.
2. Yen ketemu gurune ana ing toko utawa panggonan liya, ora ndadak ndhelik amping-ampingan wong liya, 
     nanging panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani , malah banjur asung kurmat.
3. Yen ana sajrone kelas, arep nyuwun pirsa wulangan, ora ndadak enggone ngaturi sarana suwat-suwit 
    utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae. Nanging sarana ngacungake tangane sarta matur :
     ” kepareng nyuwun pirsa”.

Bocah-bocah iku ing tembe kang dadi kekembanganing bangsa. Iya nom-noman kang saiki iki kang bakal
 gumanti para sepuh enggone mbanjurake dadi panuntune bangsa. Mula saka iku , bocah-bocah kudu
nduweni rasa-pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, kudu nggegulang tata-krama kang laras karo jamane.
Aja gampang kelud marang adat pakulinan manca (luar negeri) kang ora mesthi mathuk marang tata cara 
kabangsan kita.
Bocah-bocah kita becike padha nduweni semboyan :” Putraning bangsa kudu ngerti tata krama”.
Aja dumeh wis dadi wong gedhe mardika banjur ora gelem nindakake suba sita lan unggah – ungguh marang 
wong tuwa lan gurune.
Aja dumeh pemudha wis nate labuh bangsa, banjur ora perlu ngurmati sapadha-padha.
Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni, nanging lumuh ngajeni.
Aja dumeh duwe pangkat dhuwur , banjur lali marang kamardikaning liyan lan ora ngurmati wewenanging liyan.
Lire : Para murid, kajaba sregep ngundhakake kawruh,. supaya pinter ing bab wulangan, wasis ing bab kagunan , 
uga wajib ngerti marang tata-krama. Srawunge bocah-bocah kudu cedhak karo gurune nanging aja ninggalake 
tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang gurune mung nganggo basa ngoko bae, kaya caturan 
karo kancane dhewe.




Tata Kramane Bocah Marang Wong Sing Luwih Tuwo


Bangsa kang wis padha dhuwur kabudayane, ora mung 
wong-wonge kang wus diwasa bae kang padha
ngenggoni  tata krama, dalah bocah-bocahe iya
padha ngerti marang subasita.Bocah-bocah ing omah
lan ing pamulangan kudu diperdi marang tata krama ,
supaya ing tembene ora kidhung (kaku) lan bisa ngerti
marang sopan santun.Bapa biyung iya kudu merdi
supaya wewatakan lan budine bocah dadi luhur,
marga alusing tata kramane. Saranane ora liya ,
wong tuwa kudu menehi tuladha sarana pakarti ,
 yaiku nglakoni dhewe, kejabane iku kudu tansah
 tlaten menehi wulangan lesan.Nalikane bebarengan
mangan karo wong tuwa , bocah-bocah dituladhani
 kepriye carane mangan kang mawa tata krama.
Nalikane bocah-bocah dolanan karo kanca-kancane, nalikane diajak maradhayoh, kudu tansah  diperdi murih
 ngerti marang tata krama kang becik.
Upamane nalikane diwenehi apa-apa dening wong tuwane kudu diwulangi aweh panarima, klawan matur : 
“Matur sembah nuwun” apa “ terima kasih”. Luwih-luwih yen kang menehi iku mau wong liya, si bocah
aja nganti lali nelakake atur panuwune.
Yen pamit mulih , bocah iya diwulangi carane wong pamitan.
Tata krama, kang ditindakake wong tuwa ing sadina-dina becik diwulangake marang bocah-bocah
baka sethithik, supaya bisa kulina, satemah ing besuke banjur manjing dadi pakulinane dhewe.
Yen bocah arep mangkat sekolah, becike diwajibake pamit :
“Bu, kula badhe bidhal”
“Mbah, keng wayah nyuwun pamit mangkat sekolah “
Samono uga sawise mulih, becike iya kudu matur, apese ngetok marang wong tuwa.
Mangkono yen lelungan menyang pasar utawa dolan menyang omahe kancane , kudu dikulinakake
pamit dhisik, supaya ngerti marang pranatan, sarta iya ora bakal gawe bingunge sing ana ngomah.
Bocah-bocah kudu dingertekake nganti manjing dadai pakulinane, yen :
1. Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake dening bocah-bocah kang sopan.
2. Wong menganggo ora dibenikake iku kurang apik, ora patut tumrape bocah-bocah kang ngerti tata krama.
3. Bocah adus tanpa patelesan bebarengan karo wong akeh, karo wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake 
dening bocah-bocah sekolahan.
4. Wong mbebuwang ing papan kang katon dideleng wong liya iku ora sopan, ora pantes ditindakake
dening bocah kang susila.
5. Wong kang gawe geger ing pasamuwan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah 
pengaja



Sumber : http://hafizhsma1sragen.blogspot.com/2011/04/unggah-ungguh-basa.html#ixzz1KG6f7ZgE