teks

Sugeng Rawuh Wonten Blog Kawula Mugi Wonten Ginanipun

Senin, 31 Mei 2010

Geguritan

Ora ngira

ora ngira aku ,
ora ngira babar pisan,
ageman kang mriyayeni,
pangandikan kang endah lan nengsemake,
tingkah polah kang mencutake.
ngilmu kang kaya kaya sundhul langit,
jebul kaya mangkono,
priyayi jenenge,
pejabat arane,
sinudarsana karepe.

ora ngira aku ,
ora ngira babar pisan,
jebul manungsa arane
ya mung arane,
yang mung agemane,
ya mung blegere.
ning dudu,
dudu manungsa isine,
ora ana manungsa kang kaya mangkono,
aku percaya dudu manungsa iku.
yen manungsa kudune ora kaya mangkono.
Dhuh Gusti Alloh.....
Panjenengan ngapunten kawula,
ingkang tansah nacad..............