teks

Sugeng Rawuh Wonten Blog Kawula Mugi Wonten Ginanipun

Jumat, 13 November 2009

Profil kawula

SUGENG RAWUH WONTEN BLOG KAWULA
BLOG INGKANG RAKARUWAN PUNIKA. NANGING KAWULA GADHAH ANCAS, ING TEMBE SAGEDA NAMBAHAI KEKANCAN LAN SESEREPAN


Kawula namung janma titah sawantah, ingkang kaleresan dipun paringi jejibahan dados guru basa Jawi wonten ing SMP Negeri 1 Ngasem Kab. Kediri. Mugia kawuningan kula punika putra Ibu Siti Aminah kaliyan Bp.Surateman, Ibu kawula punika putra saking eyang Jaya Gangsar. Jaya gangsar ingkang kaleresan putranipun eyang Ibrahim ingkang dados Putra mantunipun Ki. Dharmojoyo. Mila kawula suwun sinten kemawaon ingkang maos punika, menawi kaleresan putra wayahipun Dharmojoyo hambok inggiha makempal dateng blog kawula, mugi mugi saget ngempalaken balung pisah. Kawula percados kathah sedherek sedherek ingkang nyebar wonten ing tlatah Nuswantara punika , buyut - canggahipun Dharmojoyo Bendungan Nganjuk Jawatimur.